Kamis, 17 November 2016

PIDATO BAHASA JAWA ( KARYAKU )

PIDATO LINGKUNGAN SEKOLAH 



Assalamualaikum.Wr.Wb

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah
Ingkang kinurmatan Bapak lan Ibu Guru
Lan rencang sedaya ingkang kawula tresnani

Saderengipun, mangga kita dheekaken puja lan puji syukur marang Gusti Allah SWT amargi sampun maringi palilahipun, kita saged makempal ingkang menika mboten kirang setunggal menopo.

Para rawuh ingkang kinurmatan,

Kita saged mriksani kahanan lingkungan ing sekolah kita. Sekolah kita termasuk sekolah resik, asri, lan indah. Nanging, isih akeh masalah bab keresikan. Ing sekolah sampun kasedhiyakaken tong sampah terpilah. Enten tong sampah organik lan tong sampah anorganik. Nanging, isih ana siswa sing mbucal sampah mboten ing panggonan ingkang trep. Dipun ajab para siswa mbucal sampah ing panggonan ingkang trep.

Para rawuh ingkang kawula tresnani,

Salintunipun babagan sampah, kula badhe mbahas bab keresikan kelas. Saben kelas sampun kasedhiyakaken alat-alat keresikan.Saben dina para siswa ngelaksanakaken piket kelas. Nanging, isih ana siswa ingakng mboten ngelaksanakaken piket kelas. Dampake yaiku kelas mboten resik lan mboten nyaman kangge sinau. Dipun ajab para siswa ngelaksanakaken piket kelas supaya resik lan nyaman kangge sinau.

Pramila, mangga para rawuh, kita njagi keresikanipun lingkungan sekolah. Keresikan menika tanggel jawab kita sedaya.

Para rawuh,
Cekap semanten pidato ingkang kulo aturaken, wonten lepat kulo nyuwun pangapura.

Wassalamualaikum. Wr. Wb



Tidak ada komentar:

Posting Komentar